Selasa, 28 Januari 2014

Warta Bola | Portal Berita Terpercaya

Kata Berikut ini dapat menjadi ngeluri atau pembelajaran dalam kehidupan di ambil dari #@BijakJawa

Laku ala gawe rekasa laku becik gawe mulya. #BijakJawa

Tandane berkahe urip iku,1.Soyo suwe tambah apike 2.Sing dilakoni gawa rasa cukup ana ing ati 3.Akeh gawa guna kanggo wong liya #BijakJawa 

Diparingi maturnuwun,mboten diparingi njih mboten nopo-nopo. #BijakJawa 

Sapa sing bisa ngasorke awake ana ngarepe Gustine, Wis mesti dijamin kamulyane.#BijakJawa

Yen kepingin golek bojo gunakna kupingmu,Yen kepingin golek jaran gunakna mripatmu.#BijakJawa 

Yen angkuhe ati saya ndadi,Gusti Allah bisa sak wayah2 meksa manungsa supaya ngrumangsani yen dheweke saktemene ora duwe daya apa2 #Lindhu 

Yen bab sing dianggep sepele saka susah senenge wis ora bisa dadi piwulang,Gusti Allah duwe cara kanggo manungsa supaya rumangsa. #Lindhu 

Gusti Allah ngomong karo manungsa nganggo cara apa wae,Manungsa kudu ngrumangsani sapa dheweke ana donya iki #Lindhu #BijakJawa 

Golek tresnane manungsa wae ana carane,Apa maneh golek tresnane Pengeran.Carane takon sing wis kenal lan ngerti carane nyedhaki.#BijakJawa
 

0 komentar: